Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Jumat, 26 Agustus 2016

Sabeja-bejane wong lali, luwih becik wong eling lan waspada

Kathah para pandemen pitutur-jawi ingkang asring ngucapaken unen-unen punika. Emanipun kathah ingkang sami kagubel cekap wonten mligi unen-unen kemawon, boten dipun onceki langkung lebet. Tiyang beja punika boten saget dipun ireni. Amargi sedaya wau paringipun lan wenangipun Gusti, anggenipun paring dumateng kawulanipun.

Tiyang lali punika saget kemawon nampi kabejan nangging kabejan kalawau boten sadengah tiyang kanugrahan. Pramila kabejan kalawau kedah kita upaya. Caranipun ngupaya inggih punika kanthi tumindak eling lan waspada. Lali, kesupen ngemu tembung susup. Ategese wonten barang alit ingkang lumebet wonten sajeroning barang ageng. Barang alit wau sanes bagianipun saking barang ingkang ageng. Susup kalawau menawi pas utawi cocok malah langkung ngiati, nanging menawi boten cocok bade dados ganjel. Menawi ati sampun kaganjel pamrih, milik, lan gebyare kadonyan tentunipun bade jalari ati gampil lali, kesupen. Ati ingkang lali punika janipun ati ingkang lara.

Pramila kedah dipun tambani, tamba ati wonten 5 (lima) perkara.
Tamba kaping pisan, maca qur'an sakmaknane. Kaping pindo, wong kang shaleh kumpulona. Kaping telu, shalat limang wektu lan shalat wengi lakonana. Kaping papat, cegah dahar utawa weteng luwe tumindakna, kaping lima dzikir ingkang suwe tumindakna.

Waspada tegese prayitna ing tumindak. Mustikane waspada iku munjuk memuji lan ndonga marang Gusti Pangeranira. Tatakramane waspada kuwi tumindak kang pener, tansah patuh mring perintahing Gusti lan ora nerak kang wewalere Gusti. Waspada bisa diumpamake kaya wong numpak motor, wis nyenyuwun lan ndonga supaya slamet, nanging motore ora ana remme, numpake ngebut amarga rumangsa wis ndonga, tumindak iki mau dudu waspada nanging sembrana.

Pramila tumindak eling lan waspada punika perlu diupaya amrih kita sadaya pikantuk kamulyan berkah lan rahmatipun Gusti Allah SWT sarta syafa'atipun saking Nabi Muhammad SAW.

Allahumma Aamiin. 

Mekaten oncek-oncekipun unen-unen eling lan waspada. Mugi manfaati kita sami, nyuwun pangapunten menawi wonten ingkang kirang mranani ing manah lan penggalih. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar