Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Jumat, 26 Agustus 2016

Nyinau Obah Mosik Ing Kahanan

Okeh pawongan kang ora percaya marang kanca lan sedulure dhewe. Saben2 mung cubriyo marang liyan. Tuwuhe cubriyo amarga atine reget, panyawange petheng, pikire cupet. Tumindake seneng nyalahke liyan, rumangsa paling bener, wedi ngakoni yen kaluputane. Pengin menang, wedi tanding. Aboh sama sipat sembada lan sipat satrio, ora gelem ngakoni kalah. Rumangsa tumindake paling sampurna saingga kudu menang yen tanding karo wong liyo. Sibuk mbenerke awake dhewe, rumangsa paling bisa sanajan durung nate nyoba lan nglakoni kanthi temen. Tundone mrana-mrene mung seneng ngandha eleke liyan. Sok sintena pawongan kang kasil olehing mergawe tansah dicacat. Ngrusuhi, gawe ada-ada, gawe bingunge liyan, gawe wedi masyarakat, asring pun ditindakna. Kareben kahanan dadi ora jenjem lan tentrem, karana kahanan kang mengkono iku kang bisa andekake kasile pamrihing ati bisa kaleksanan. Pamrihing ati iku warna-warna wujude bisa amarga kapinteran, kalungguhan, drajat pangkat, pengaruh bisa uga raja brana. Kabeh mau tuwub karana kagubet regeting ati amarga rasa "aku" kang bragasan ora eling mring Gustine. Ilmu lan agama mung dadi sesawangan lan sandangan. Ora pun dilebokna lan manjing ing jero ati. Ucapan kang metu soko lambe mung lamis. Tanpa manjing ing ati, saingga waton tumindak dudu tumindak kanthi waton. Iku kabeh gambarene lan tetandane jiwa manungsa kang  ora waras, penyakiten karana reregeting ati kang wus nyawiji mring jiwane.  Nyuwun pangapunten, menawi kirang mranani ing penggalih. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar