Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Jumat, 26 Agustus 2016

Nrima Ing Pandhum

Watak kang nampa apa anane. Bisa nampa kang wus dumadi. Tegese bisa'a kita iki, nampa lan mangerteni apa kang wus dumadi iku pepesthine Gusti, kang kudu ditrima kanthi rasa lan ati kang tanpa lelambaran pamrih. Mligi, namung mangestokaken lan nindakake dawuhe ora ana liya. Dumadine kahanan mau karana panguwasane Gusti Allah. Nalika kahanan iku ngenani awake dhewe, nalare digoleki sebabipun. Sebabipun yen bisa aja marai tuna, yen tuna bisa'a golek ijol mring liyan. Tundone tansah golek-golek alesan supaya kahanan kang pun alami iku ora marai tuna. Yen tuna utawa rugi kuwi, yo wong liya dudu aku. Jane muno, kahanan mau mung jalaran. Kabeh mau, wis dadi kersaning Gusti Allah, kita jejere manungsa mung bisa nrima. Kanthi kedadean mau, kanggo ngelingke manungsa, sak satemene manungsa iku seneng ngegulke kepinterane, drajat, pangkat, bandha bandhu lan kekuwatan badan amarga atine kebak rasa melik lan pamrih. Rumangsa duwe kuwasa kang bisa nentokake samubarang tundone tumindak sembrana. Ora eling mring Gustine, Ingkang Maha Kuwasa kang nentoke sakabehane. Prayogi kita sami, tansah lebet manahipun, jembar wawasanipun, tebeh pamikiranipun, migunani tumindakipun  boten mitunani liyan. Malah kita sageta kathah-kathah peparing sadaqah kasaenan ing tumindak dumateng sesami saingga kita saget nampi kahanan punika kanthi rasa "Nrima ing Pandum". Menawi kita saget mbiyantu, becikipun kita aweh pitulungan dumateng sesami, manawi kita boten saget mbiyantu becikipun kita boten nglarani atinipun liyan utawi damel seriking manahipun liyan. Mugi Gusti Allah tansah ngluberaken rahmat dan berkahipun dumateng kita sadaya. Allahumma Amin. Nyuwun pangapunten menawi wonten ingkang kirang mranani ing penggalih. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar