Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Jumat, 26 Agustus 2016

Godane Wong Pinter

Godane wong pinter iku mung siji, tansah mbenerake tumindak, panemu lan omongane awake dhewe. Ora gelem nampa panemune liyan, apa sing dadi panemune dhewe dianggep paling bener. Pramila, ngupaya piye carane tumindak, panemu lan omongane awake dhewe tetep dianggep paling bener.

Tumindak tansah mbenerake awake dhewe iku sejati, didasari hawa nafsune kang samar. Ora krasa, ora rumangsa lan ora ketara. Nafsu kang kegambar saka tumindak mbenerake iku mau, nyata yen gambare rasa "aku"ne.

Rasa "aku"ne mau sejati wujud samar sifat angkuh, drengki, riya lan takabur. Kabeh mau yen wis manjing sa'jroning ati ora bakal ilang. Kadang tansaya suwe tansaya kandel, akhire atine kagubel rasa angkuh mau.

Rasa angkuh iki bakal nuwuhake rasa mèlik, rasa mèlik kang tanpa pitungan bakal nuwuhake srakah. Tembene kapinterane mung kanggo njagani sifat srakahe mau. Kahanan mengkene iki jenenge kuwaliking tumindak kang diarani ora pener. Kang pener iku kapinteran kudu bisa njagani sipat srakahing manungsa.
Pramila sipat tansah mbenerke tumindak, panemu lan omongane awake dhewe kedah dikendaleni kanthi andhap asoring manah. Amarga andhap asoring manah caket kalian sipat eling lan waspada. Eling yen kepinteran mono kanugrahaning Gusti, manungsa mung sakderma nampa. Ora pas yen ngaku-ngaku paling pinter dhewe. Kanugrahan kapinter diparingake Gusti Allah SWT, ora mung awake dhewe thok nanging uga dianugrahake marang wong liya. Eling kepinteran iku mung silihan bebasan kaya sampiran, sa'wayah-wayah bisa dipundut karo sing ngampili yaiku Gusti Allah SWT. Waspada anggone nggunakake kapinteran. Kapinteran kudu bisa jaga tumindake manungsa, kareben ora mitunani liyan. Kapinteran kudu bisa mangfangati masyarakat. Waspada, kapinteran iku uga dadi pacobaning manungsa kang kepanggonan. Bisa dadi sarana oleh kamulyane Gusti Allah SWT. Bisa uga dadi sarana ngasorake manungsa yen kapinteran mau ora bisa jaga sipat-sipat nafsu kang samar kalawau.
Mekaten beberanipun godane wong pinter. Wonten kirangipun nyuwun pangapunten, kanthi pangajap mugi mangfangati dumateng kita sedaya. Mugi Gusti berkahi lan ngijabahi donga kita sedaya. Allahumma Amin. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar