Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Jumat, 26 Agustus 2016

BEBUDEN LUHUR

Bebuden luhur iku dudu amarga kalungguhan, drajat, pangkat, kasugihan bandha, kepinteran lan dhuwure ilmu, lan keturunan. Ananging kang dipun arani "bebuden luhur" iku tumindak kang tuwuh saka weninge pikir, beninge manah, sucining batin kang lelandhesan mring kersaning Gusti. Kang kegambar ing sakjroning guneman kang bisa gawe nentremake, mbungahake, ngayemke,  ngademke pikir lan atine liyan. Sarwa kepenak lan ngepenakake maring liyan kang diajak srawung.

Jujur lan prasaja dadi sandangane urip. Gotong royong dadi sangune bebrayan ing masyarakat. Sak yek sak eko proyo, tumandang bareng. Sayuk rukun bebarengan karo kancane. Supaya entheng lan cepet rampung gaweane.
 
Umuk, ladak lan gumedhe, dipun singkiri. Karana sipat mau bakale mung gawe kewirangan lan cilaka. Nuwuhke sipat goroh kanggo nutupi asline. Amarga kansunyatane beda karo sesumbare.
Lembah manah, grapyak semanak dadi dasare sesrawungan

Tansah ngajeni maring liyan lan ngugemi tatakrama sesrawungan lan kesopanan. Marang piyayi sepuh bisa ngormati. Marang sapadha-padha bisa ngajeni. Marang sing enom bisa welas asih. Guneman marang piyayi sepuh tansah basa krama inggil. Guneman marang sapadha-padha nganggo basa kang alus. Guneman marang sing enom nganggo basa ngoko alus tur ngayomi.

Menawa ana wong lungguh, aja ngadek nganjur ana sakcedhake. Yen liwat, ngucap "nuwun sewu" utawa "ndherek langkung" kuwi salah sawijine cara ngajeni. Srawung iku kudu tepa salira, ngajeni mring liyan, guyup, rukun lan raket rumaket dadiya sedulur sinarawedi.

Mekaten beberanipun, bebuden luhur ing sesrawungan masyarakat, mugiyo tansah migunani.
Wonten kirang lan klintunipun nyuwun pangapunten.

"Salam Pasedhuluran"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar