Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Jumat, 26 Agustus 2016

REJEKI IKU ORA BISA DITIRU

REJEKI IKU ORA BISA DITIRU
=======================

Rejeki iku ora bisa ditiru, senajan padha lakumu, senajan padha dodolanmu, senajan padha kerjamu, hasil kang tinampa bakal bisa beda. Iso beda ana ing akehe bandha-bandhu, iso ugo ana ing rasaning ati kang ayem. Ayem tentrem ing ati iku ingkang kasebat rasa mulya, kamulyan..

Kabeh mau amarga kawelasing Gusti Allah SWT. Sapa temen lan gedhe prihatine bakal gayuh kamulyan. Kamulyan dudu diukur saka melike bandha-bandhu, drajat, pangkat. Dudu akehe bandha, duwure drajat, jembare kuwasa kalungguhe. Ananging, berkahe Gusti Allah SWT kang bisa cukup lan nyukupi.

Wis ginaris ning takdire menungso yen opo sing urip kuwi wis disangoni soko sing kuwoso, dalan urip lan pangane wis cemepak cedak koyo angin sing diserot mbendinane, nanging kadang menungso sulap moto lan peteng atine, sing adoh soko awake katon padang cemplorot ngawe-ngawe, nanging sing cerak ning ngarepe lan dadi tanggung jawabe di sio-sio koyo ura nduwe guno.

Rejeki iku wis cemepak soko Gusti, ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe menungso soko lahir tekane pati,  nanging yen kanggo nuruti karepe menungso sing ora ono watese,  rasane kabeh cupet, pikirane ruwet, lan atine marai bundet.

Welinge wong tuo opo sing ono dilakonono lan opo sing urung ono ojo diarep-arep, semelehke atimu, yen wis dadi nduwekmu bakal tinemu, yen ora jatahmu opo maneh kok ngrebut soko wong liyo nganggo coro sing olo, yo dienteni wae iku bakal gawe uripmu loro rekoso lan angkoro murko sak jeroning kaluwargo, kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.

Yen umpomo ayem iku mung biso dituku karo akehe bondho, ndahno rekasane dadi wong sing ora nduwe, untunge ayem iso dinduweni sopo wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang PENGERAN.

Kerjo pancen rekoso, ananging luwih rekoso maneh yen ora kerjo, syukuri opo sing wis ono.

Monggo kito sesarengan makaryo lan ndedonga kanti niat ikhlas ing penggalih ngudi ridlonipun Gusti Alloh kang murbeng dumadi.

Nuwun, lan mugiyo manfangati

"Salam Paseduluran"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar