Miturut tiyang Jawi, dinten punika wonten 7 (pitu). Tembung pitu,
ngemu teges bisa kanggo pitutur, pituduh, piwulang, pitulungan lan
pitungkas.
Punika beberanipun:
1. Minggu utawi Ngahad. Minggirna
barang kang ora guna utawi ala, lakonana tumindak kang utama kanggo
gayuh rahmating Gusti kang akarya jagad. Jagading ati manungsa iku kudu
dijaga, gampang mosik lan mobat-mabit. Njejege ati supaya tetep jejeg
anggone nyembah mung mring Gusti Kang Maha Tunggal. Tan ana liya lan Tan kinaya ngapa. Sangkan Paraning Dumadi.
2. Senen. Aja bosen marang unen-unen Jawa kang ngemu pitutur
tuntunaning urip. Tuntunan Urip iku ana 2 (loro) iyo iku Qur'an lan Hadits, aja
mung diwaca lan diapalna. Nangging angen-angenen maknane, tancepke ning
jero dhadha supaya paham syariat, haqiqat lan makrifate. Dienggo
lelandesan tumindak lan ngibadah mring Gustine. Murakabi uripe mring
masyarakat kiwo-tengene, urip iku urup.
3. Selasa. Selakna ngamal kang becik marang sapada-pada. Aja gawe lara atine liyan. Gawe seneng atine liyan luwih prayoga. Ngamal becik marang titahing Gusti dadiya laku utama. Jujur, prasaja, wicaksana, ngayemi, ngayomi dadiya sipat sesrawungan. Becik ketitik ala ketara.
4. Rebo. Tegese manungsa kudu duwe karep sinau kareben ora bodho. Amarga ilmu iku angel yen durung tinemu. Ngelmu iku ilmu kang wus manjing ing sajroning badanira. Ngaji Quran ora mung cukup apal maknane. Nanging kudu diangen-angen supaya bisa manjing ing jero dhadha, bisa mangerteni syariat, haqiqat lan makrifate. Kanggo mangerteni kalungguhane kawula mring Gustine. Nrima ing Pandum.
5. Kemis. Mingkem luwih becik tinimbang lamis. Aja rumangsa bisa lan waton sulaya, tundone mung lamis. Ngomong sing ora guna. Meper nafsu kumingsun luwih prayogi. Drengki, srei, ladak, gumede, adigang, adigung, adiguna iku sipat pun adohi. Aja dumeh.
6. Jemuah. Tegese jumbuhke lekakon, kekarepan kelawan pituah. Yen duwe karep kudu mantep, lan nglakoni kanthi sabar sarta aja lali nyuwun pituah (pitutur saking piyayi sepuh) kanggo janggkepe ikhtiyar mring Gusti. murih kasembadan gegayuhanne. Barakah hasile karana oleh rahmate saka Gustine. Ridhone Gusti Allah gumantung mring ridhone wongtuwane. Mikul dhuwur, mendem jero.
7. Setu. Tegesipun sak sapa'a wae kudu Insap marang barang kang wis kewetu. Tumindak ingkang sampun kaleksanan punika benjang bade dipun suwun tanggungjawabipun. Pramila sikap ingkang eling lan waspada punika kedah dipun ugemi. Eling mring Gustine, waspada mring tumindake. Lakune wong beja iku, ngati-ati lan tansah nyuwun pangayoman mring Gusti kang Murbehing Dumadi. Eling lan Waspada.
Makaten beberanipun, mugi andadosaken lodanging manah. Nyuwun pangapunten bilih woten klintunipun. Nuwun.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar