Ngger...
Aja gampang lelungan yen durung ngerti dalan lan papan dununge...
Aja gampang memangan yen durung ngaweruhi rasa paedahe sing dipangan...
Aja pisan-pisan manganggo yen durung ngaweruhi carane ngrasuk busana...
Tegese ngene ngger... sing jenenge wong lelungan kuwi mesti duwe tujuan, lan syarat saranane tekan marang tujuan sing paling penting kudu ngerti dalan...
Mula ngger,,, aja grusa-grusu lumaku merga nuruti nafsu... Kudu dipilah lan dipetung, dipilah supaya ora salah anggone milih dalan, dipetung kanti jangkep syarat sarana sangune laku...
Semono uga ing bab panganan, kudu mangerteni apa wae rasa lan faedahe sing dipangan... aja mung anggere mangan, apa maneh mangan sing dudu duweke, iku gedhe siku dendane...
Kang pungkasan ngger...
Aja pisan-pisan manganggo yen kowe durung mangeruhi carane mgrasuk busana...
Tegese kowe kudu ngerti empan papan, senadjan busana iku amung bungkus, nanging iku uga isa dadi ajining diri...
Mula ngger, manganggo apa wae kuwi kudu mangeruhi carane ngrasuk busana... Kudu isa angon kahanan... Nyelarasake panggonan lan kebutuhan...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar