Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Senin, 08 April 2019

Lirik Kudung Ati Tangise Bumi

Bumine nangis, eluhe lumpur agawe giris.
Bumine nesu watuk-watuk ndadekake lindhu.
Bumi wis tuwo jare kiyamat wis arep teko.
Iki pratondho bendune sing Moho Kuoso.

Bumine sambat gununge gundhul alase dibabat.
Bumi loro ati banjir bandhang anggegirisi.
Ujare wong pinter alas kang subur minongko pager.
Pagering bumi murih alam tetep lestari.

Aduh Gusti kulo nyuwun pangapuro.
Kulo niki sampun kathah duso.
Aduh Gusti Ingkang Moho Kuoso.
Nyuwun luwar saking gudho pangrencono.

Pra sedulur tunggal Nuso tunggal Bongso.
Ojo congkrah lan ojo suloyo.
Bareng urip golek dalan padhang.
Sujud syukur wonten ngarsane Pengeran.

Kidunge ati pangruwat Bongso sak Nagari.
Monggo ndedungo dahuru enggalo sirno.
Cancut gumregut bebarengan mbangun projo.
Lestarekno alam murih bumine ra murka.

Voc. Yhady S | Cipt. Yhady S, Arr. M Aeruto |Produksi AVM Studio

Tidak ada komentar:

Posting Komentar