Falsafah PSHT

Manusia dapat dihancurkan, Manusia dapat dimatikan,
tetapi manusia tidak dapat dikalahkan selama manusia itu
masih Setia kepada dirinya sendiri atau ber-SH pada dirinya sendiri

Rabu, 06 Maret 2019

Lirik Kidung Wahyu Kolosebo

Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro.
Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro.
Senajan setan gentayangan, tansah nggawe rubedo, hinggo pupusing jaman.

Hameteg ingsun nyirep geni wiso murko.
Maper hardaning ponco saben ulesing netro.
Linambaran sih kawelasan ingkang paring kamulyan, sang hyang jati pengeran.

Jiwanggo kalbu samudro peputoning laku,
tumuju dateng Gusti Dzat Kang Amurbo Dumadi, (manunggaling kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi, mukti, ingsun, tanpo piranti).

Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito,
maneko warno prodo mbangun projo sampurno.
Sengkolo tido mukso kolobendu nyoto sirno
tiyasing roso mardiko.

Mugiyo den sedyo pusoko kalimusodo,
yekti dadi mustiko sakjroning jiwo rogo.
Bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono,
byar manjing sigro-sigro.

Ampuh, sepuh wutuh, tan keno iso paneluh,
gagah, bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah.
Satriyo toto sembodo, wirotomo, katon sewu kartiko, kataman, wahyu, kolosebo.
("Kidung, Wahyu, Kolosebo" 2x)

Memuji ingsun kanti suwito linuhung,
segoro gondo arum suh rep dupo kumelun.
Ginulah niat ingsun hangidung sabdo kang luhur, titahing sang hyang agung.

Rembesing tresno tondo luhing netro roso,
roso rasaning ati kadyo tirto kang suci.
Kawistoro jopo montro kondang dadi pepadang, palilahing sang hyang wenang.

Nowo dewo jawoto talisantiko bawono,
prasido sidikoro ing sasono asmoro loyo.
Sri narendro kolosebo winisudo ing gegono,
datan, gingsir, sewu warso.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar